Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service

Rabu, 02 Februari 2011

ALASKA

PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY

02/08/2010 at 21:49 (Pidato bahasa jawa)
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِلا قَدْ قَا لَ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْم. وَاَنْكِحُوْا اْلاَيَّامَى مِنْكُمْ وَالصَّالِحِيْنَ مِنْ عِبَادِ كُمْ وَإِمَا ئِكُمْ وَإِمَ ئِكُمْ إِنْ يَكُوْنُوْا فُقَرَاءَ يُغْنِيْهِمُ الله مِنْ فَضْلِهِ وَ اللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّد القائل النّكا حُ سُنَّتِى فَمَنْ أَحَبَّ فِطْرَ تِى فَلْيَتَسَنَّ بِسُنَّتِى وَعلَى اله وَ أَصْحَا به وَمَن والاه امّا بعد
Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat meniko.

Poro rawuh ingkang kulo hormati,
Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko.



بَارَ كَ الله لَكَ أَوْلِمْ وَلَوْ بِشَاةٍ
Tegesipun kanjeng Nabi donga’aken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah senajan namun nyembelih maendho setunggal.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul ‘Ursy wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih meniko “Walimatul ‘Ursy utawi Walimah Manten”
Dene masalah ijabatut-da’wah, utawi dugeni dateng walimah, meniko hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib nekani.
Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !, sa’lajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA
إِذَا إِجْتَمَعَ دَا عِيَانِ فَأَجِبْ أَقْرَبُهَ بَابًا. فَإِنْ سَبَقَ أَحَدُهُمَا فَأَ جِبْ الَّذِي سَبَقَ
Ingkang artosipun :
Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun walimah manten, kados dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat.
Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah dugeni walimah meniko kok benten-benten ? menurut sebagian Ulama meniko wonten ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang walimah manten meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis walimah manten meniko wonten tiyang ingkang nyandang susah utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan menikolah ingkang dados wajibipun dugeni undangan walimah manten.
Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran) tumrap tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun sunat, kranten wonten ing griyanipun tiyang ingkang kagungan hajat meniko wonten ingkang ngraosaken sakit utawi payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng tiyang ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani utawi ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni dateng undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib.
Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim :
إِذَا دُعِيَ اَحَدُكُمْ فَلْيُجِبْ فَإ نْ كَانََ صَا ئِمًا فَلْيُصَلِّ وَاِنْ كَانَ مُفْطِرًا فَلْيَطْعَمْ
Ingkang artosipun :
Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso mangko donga’no bagus lan barokah menawo siri ora poso mongko mangano
Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo akhiripun kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته




PIDATO PERINGATAN MAULID NABI

02/08/2010 at 20:42 (Pidato bahasa jawa)
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد لله الذى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ وَأَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ عَلَى كَّا فَّةِ اْلاُمَمِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ اْلاَنَمِ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أمّا بعد. فقال الله تعالى فى القر أن الكريم. وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلاَّ رَحْمَةً لِّلْعَالَمِيْنَ.
Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati.
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.
Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.
Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin
Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.
Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :
مَنْ إِعْتَنَى مَوْ لِدِيْ وَجَبَتْ لَهُ شَفَا عَتِى
“Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu
( اركان المحبّة ثلا ثة)
Rukunipun cinta meniko wonten tigo
1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia.
2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut
3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.
Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.
Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Tidak ada komentar:

Posting Komentar